Critane Dadi Wong Tani
Sing wingi nyong dadi dugalan
Pan madang dadi ora sida
Mugane nyong ora bisa dolanan
Akeh sing ngejak tapi nyong ora bisa
Rumangsa uripe neng ngumah
Ora tau mana-mana
Dadekena uripe ora betah
Stres akeh masalah
Sebenere nyong pengin lunga-lunga
Tapi akeh pegawean lan jaga wong tuwa
Soale nyong melas lamon ditinggal lunga
Rumangsa wes sepuh lan kadang ora tega
Sebabe nyong uripe nang ngumah terus
Mugane kurang gaul
Dadi wong tani bae wes mbokan dadi penerus
Nandur bawang lan macul
Brebes, 2 Juni 2023
Karya: Kang Thohir
Biodata Kang Thohir:
- Kang Thohir merupakan nama pena dari Muhammad Thohir/Tahir (biasa disapa Mas Tair). Ia lahir di Brebes, Jawa Tengah.
- Kang Thohir suka menulis sejak duduk di bangku kelas empat SD sampai masuk ke Pondok Pesantren. Ia menulis puisi, cerpen dan lain sebagainya.
